Krik jangkrik, jangkrik upo
Sing prihatin sitik,
penting wis ki seneng sego
Krik jangkrik,
jangkrik blonteng
Nduwe pek setitik
wis toh ‘ra ngeceng…
Do sing trimo jo, ra
usah neko-neko
Do sing sabar jo,
tansah karo dedungo
Kowe temen kekarepan
meski kelakon…
Krik jangkrik,
jangkrik blumbang
Rejeki setitik ojo
mbok ati sumelang
Krik jangkrik,
jangkrik sumur
Sing penting mbok
trimo, kanti ati roso sukur...
Kacang ijo jo, enak
digawe bubur
Sing tak sojo jo,
urip kang tansah jujur
Ojo anggep jujur iku
bakal ajur…
[Interlude]
Krik jangkrik,
jangkrik gedhe
Sitik-sitik ndisek,
mengko mesti bakal gedhe
Krik jangkrik,
jangkrik cilik
Ojo sedih ndisik,
awale dadi wong cilik
Iku mono jo,
lelakone neng dunio
Dadi ojo jo, kowe
rumongso lhoro
Urip neng dunio
pancen kudu ono crito…
Labels:
Evie Tamala,
Lirik Lagu
Thanks for reading Evie Tamala – Jangkrik Genggong. Please share...!
0 Comment for "Evie Tamala – Jangkrik Genggong"